Medhar Sabda - Pidato Basa Jawa Bab Perpisahan Sekolah
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah SMP N 1 Baturetno.
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu tiyang sepah kalihan wali murid SMP N
1 Baturetno.
Saha para kadang wredha mudha siswa SMP N 1 Baturetno ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji
pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Allah. Inggih awit sih nugraha sarta
brekahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya
mulya, kalis ing rubeda.
Salajengipun, wonten ing wekdal punika keparengaken kula matur
makili rencang-rencang kelas 9. Ingkang
sepindhah, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang
sampun sami kersa maringi grujugan piwulang, bimbingan, kaliyan kathah ilmu ugi
pawartosan ingkang becik, kanthi asikap sabar saha wicaksono. Sehingga kula
sarencang kelas 9 saged lulus menggah asil ingkang mboten nguciwaaken saha
dumadosaken bingah. Salajengipun, kula ugi ngaturaken agenging panuwun
dhumateng Bapak/Ibu tiyang sepah/wali ingkang sampun sami kersa nyambut dhamel
kanthi siram kringet dleweran supados kita sedanten, siswa kelas 9 taksih saged
nglajengaken anggenipun ngudi ilmu.
Ingkang kaping kalihipun, kula ngaturaken pangapunten dhumateng
Bapak/Ibu guru bilih kula sarencang wonten lepat ingkang dipunsengaja punapa
mboten, rikala kula sarencang ngudi ilmu wonten ing SMP N 1 Baturetno punika.
Salajengipun, kula ugi ngaturaken pangapunten dhumateng Bapak/Ibu tiyang
sepah/wali bilih kula wonten kathah klentunipun wonten atur punapa solah bawa.
Kangge para kadang wredha mudha kelas 7 ugi kelas 8, kula ugi ngaturaken
pangapunten menggah kathah lepat ingkang asipat lair punapa batin rikala kita
sedanten sami-sami ngudi ilmu wonten ing SMP N 1 Baturetno punika.
Ingkang kaping tigonipun, kula sarencang nyuwun donga
pangesthinipun dhumateng sedanten tiyang wonten mriki, supados kula sarencang
dipunparingi kelancaran, kaleh dipun gampelaken anggenipun nglajengaken
pendidikan wonten tingkat ingkang salajengipun.
Ingkang pungkasanipun, kula sarencang mawanti-wanti dhumateng para
kadang wredha mudha kelas 7 ugi kelas 8 supados saged siap anggenipun ngadhepi
ujian sekolah punapa ujian nasional sumonggo asilipun mboten nguciwaaken
Bapak/Ibu guru, Bapak/Ibu tiyang sepah/wali, ugi dhumateng pribadi dhirinipun
piyambak-piyambak.
Ing wasana, namung kemawon ingkang saged kula aturaken, matur
sembah nuwun anggenipun wekdal ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kula.
Dene kula pribadhi ugi nyuwun lumunturing sih samodraning pangaksami menggah solah
bawa kalihan panataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin
paramasastra.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Dening : Galuh Dewandaru A. A. (09)
9A
Komentar
Posting Komentar